Label

Minggu, 03 Maret 2013

Jejak perjalanan ke pertapaan lndrakila (bag.3)


Sering wartawan mriki, riyin TNI angkatan laut, pak Bambang marinir ajeng arung jeram ting kali serayu mawon tindak mriki. Pejabat2 negara... Tahun 1987 bapak SR, nate den GS 40 dina 40 wengi tapa mriki. Bapak TS nate mriki tapi pertapaane nimbowarna.
Rencana mawon niki bade dibangun, bangunan sing sak niki mawon nggih dananipun saking tiyang tebih2,mboten saking masyarakat mriki. Bangunan niki dibangun tahun 1995 lan ditambahi tahun 2000an minggah saking selametanipun Bapak Salim jaksa agung kabupaten.
Riyin meniko wartawan tindak mriki dipun shooting lokasinipun.
Kaitane kaleh sendang kamulyan ting pertapaan mriki nggih niku, sendang kamulyan niku garwane, garwa pertama niku kesumaning ayu dewi roro ireng,nggih woro sembadra niku. Lajeng garwo nomer kalihe kesumaning ayu dewi woro srikandi. Nah dados kaleh kayangan, eyang Begawan ciptaning dawuh kaleh putri kayangan, kalebet bethari dursanala kagungan putra wisanggeni. Garwa ting kayangan mawon wonten bethari dursanala, kesumaning ayu dewi roro katen, lan eyang candrakumala. Tapi saat wekdal panjenengan niki kagungan niat pengen nyalon, menawi sowan dateng alang-alang kumitir nyuwune ting kesumaning ayu dewi roro katen, menawi sowan ting telaga sarangan nggih niku ugi putri kayangan namine eyang candrakumala.
Alang-alang kumitir lokasinipun ting nduwure niki. Riyin saat wektu wonten tamu saking jambi niku ngantos saged pinanggihan kaleh kyai Tengger. Kyai tengger meniko menawi ngeja wantah gedene mung sak ani2 / sak godong kalamenta / godong pari. Tapi menawi ngagem sifating satria, kadang2 kyai Tengger niku etangane kagungan sifating brahmana gedene sak glugu aren.

Rumiyin wonten tiyang bade mlebet IPDN, saben jam 12 mbengi kulo jujukaken. Lare niku saged kepetuk kaliyan kyai Tengger,jare gedene niku duwure kulo gur sak pinggange. Lah, pangestune hasil, dong wisuda mawon nedug ting bandung kulo 5 dinten.
Mulane ting mriki papan padonganing wahyu. Sinosugi sak kedeping mripat utawi sak lebeting firasat, panjenengan niki mreksani mriki sanes gombol, tapi kalebet kados sinus purbakala. Ting mriki wonten sing pengen dadi perangkat desa prihatin ya saged kelaksanan, merga awale indrakila niku, Begawan Ciptaning pados pertapaan sing sepi, barang pun mayeng2 mboten wonten papan situnggal punopo sing cocok. Mbarang pun dugi mriki, niki lampahan kongso adu jago. Bisane eyang begawan ciptaning saged pertapa ting mriki mergane wonten batu ciptaning dewa.
Mulane ting mriki sinten mawon tapa mriki sing kathah niku berhasil amargi mriki mboten makam tapi batu ciptaning dewa.
Ngantos sakniki wonten bupati saking oko timur tidak mriki.
Lajeng pak J, pak P selametan ting mriki, pak T ugi, sinusugi ting mriki namung ajudanipun.
Kulo ngrumat mriki kawit tahun 1974. Pak SR ting mriki kula tasih alit, tapa ting mriki 40 dinten, bapak kuka sing njujukaken lan sing ndamel gubuge.
La sabenere mriki niku papan pandonganing wahyu, wahyu petani. Cobi tiyang tani nek mboten tanpo wahyu, adol salak murah, adol krambil ya murah.
Ting mriki niku wahyuning petani, wahyuning saudagar, wahyuning pejabat.
Ting buku kulo wonten saking palembang, balikpapan, jambi, sumatra, wonten saking oko timur. Kulo niki tiyang bodo, kawit taun 1974 kulo dereng nate tiyang pinten2 ken bayar sementen.
Mriki wonten deret rengkete kalih dieng. La menawi ki hanggareksa meniko panglima keamananipun Begawan ciptaning. Dadi sinten bade belajar tinju mature ting ki hanggareksa mriki, dadi tiyang kepengen dadi petinju semedine ting mriki. Nek tiyang kepengin dados ustadz sing migunani, ting mriki kyai tambak tapane 4 tahun, bekase cengel mawon tasih.

Pohon bekase cengel kyai tambak

Mriki nek disejarahke mboten rampung sewengi. Misal panjenengan wonten lampahan kongso adu jago (ketoprak) niku arahe nggih mriki, urutanw niku indrakila, alang-alang kumitir, terus telaga sarangan.
Sakderenge kula dados juru kunci, ingkang rumiyen bapak kula, asmane pak Namirana.

Njenengan tindak mriki kaleresan amargi niki dina gede, mungguhing kramat. Sebtu kliwon niku dawah junjung 40, dinane tumpah asih. 

Ting mriki sampun nate wonten tiyang saking jakarta mbeta mobil, jumlah 12 kinyis2, carane mbiyen ki nembe anyar2e panther, la jumlahe tiyang wonten 75, omahe kula bek kebak tamu.
Demikian percakapan pak warto disaat kami masih diluar kamar yang berisi batu ciptaning dewa.
Kemudian pak warto mulai ganti baju dengan baju kebesaran khas kraton. Setelah semuanya dipersiapkan, pak warto mengajak kami masuk menuju kamar tempat batu ciptaning dewa.
Suasana yang berlainan dunia terasa menyelimuti kami,



Bersambung.......

12 komentar:

  1. nyuwun sewu kulo putro engkang wonten BORNEO xmantan saiman kulo bade pasang susuk kondai maharipun pintin kok data tarife kok mboten lengkap matur nuwun

    BalasHapus
  2. semar semar menawi nyuwun ilmu mados jodo saged

    BalasHapus
  3. susuk pengasihan wonten

    BalasHapus
    Balasan
    1. Ada pak, untuk mantabnya bs bersilaturahmi dulu tidak apa2

      Hapus
  4. maaf baru komen sekarang. semuanya ada. atas ijin Gusti, Insya Alloh. untuk tarif sekedar uang pembelian alat dan khas seiklhasnya. untuk info lebih lanjut bisa menghubungi kontak person dibawah kolom ini

    BalasHapus
    Balasan
    1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

      Hapus
    2. mas jat tlng mados aken pemodal,penyalur dodolan dawet teng luar negeri jerman nopo pundi kadose prospeknya sae mas jat pengalamane luas hubungane sampun luas mungkin saged,maturnuwun?

      Hapus
    3. hlah... kalo di suriname dawet laku pak, dieropa agak kesulitan karena berbenturan rasa (lidahnya beda). coba kita telusuri dulu orang2 disuriname lewat jejaring sosial, siapa tau ada yang nyenthol...

      Hapus
    4. y mas coba tlng mas,y siapa tau nanti biar rasanya nyantol minta jampa jampi sama pak saifull,biasanya orang barat malah nyari sensasi yg beda,yg aneh dan jiwa seni tinggi kalo2 y mas,kadang hal yg tak mungkin bisa jadi mungkin karna mau berusaha,o y mas tak kira njenengan jatmiko kenteng,slm knal mas kulo anake pak siful ning kalimantan?

      Hapus
  5. Apa njenengan pak saiman yg dikalsel martapura pak? Ada akun fb atau email addresnya mungkin,atau ym?

    BalasHapus
    Balasan
    1. nggih leres FB imam suroso gambare semar,

      Hapus
    2. Iya,sudah saya add fb njenengan. Pak ustadz juga sudah cerita tentang njenengan. Beliau memang terkadang sulit dihubungi karna sibuk,atau kadang kegunung bs berhari hari.gak mesti.blog ini sy buat mmg untuk menjembatani padepokan yg dikarenakan perlunya interaksi para putra2 padepokan yg diluar kota,pulau,atau luar negeri.serta orang2 yg ingin bersilaturahmi saking menjalin ukhuwah antar sesama

      Hapus

contact person : +625292699825

Ustadz Muhammad Alfie Syaifulloh